Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Versi 1 : Paseksen Jawa - Paseksen Panetep Panatagama Wong Jawa (18/6/2021)


Paseksen Panetep Panatagama Wong Jawa (18/6/2021)

Ingsun Hanekseni Marang Atma ingsun Dewe

Sejatine Ora Ana Pangeran Sejatine Ingsun

Ingsun Hanekseni Satuhune Kamulyan iku Utusan ingsun

Kang aran Pangeran iku badan ingsun
Kang aran Utusan iku Rahsa Ingsun
Kang aran kamulyan iku cahya ingsun

Ya ingsun kang urip tan kena ing pathi

Ya ingsun kang eling tan kena ing lali

Ya ingsun kang langgeng tan kena ing owah gingsir ing kahanan jati

Ya ingsun kang waskitha ora kasamaran ing sawiji wiji

Ya ingsun kang sampurna kang murba amisesa kang kawasa wicaksana ora kekurangan ing pangerti

Byar sampurna padang trawangan ora ana apa apa, ora katon apa apa, kang ana hamung ingsun dewe kang anglimputi jagad alam bawana sa-isine kalawan jangkaningsun

Atmoning Hyuwang Atmoningsun
Watak ing Hyuwang Watak Ingsun
Sir ing Hyuwang Sir Ingsun
Ujud ing hyuwang ujud ingsun

Gusti Haneksenono ing raga, Sukma, Jiwa lan Jangkaningsun

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Versi 1 : Paseksen Jawa - Paseksen Panetep Panatagama Wong Jawa (18/6/2021)"