Versi 2 : Paseksen Panetep Panataga Wong Jawa (19/6/2021)
Paseksen Panetep Panatagama Ing Jaman Kasunanan / Jaman Kewalian / Jaman Wali.
Unine Tembunge Kaya ingisor kie :
Ingsun Hanyekseni Ing Urip Ingsun Dewe,
Satuhune ora ana Pangeran Nanging Ingsun,
Lan ingsun anekseni muhamad utusan ingsun,
Kang Sejatine Kang Aran Allah iku Badan ingsun,
Rasul iku Rahsaningsun,
Muhamad iku Cahyaningsun,
Ya ingsun kang urip ora kena ing pathi
Kang Eling ora kena lali,
Langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati.
Ya Ingsun Kang Waskitha ora kasamaran sawiji wiji
Ya ingsun kang tetep, Kang murba misesa kang luweh wicaksana
Byar Sampurna padang terawangan, ora karana apa apa, ora katon apa apa,
Hamung ingsun kang mengku alam kabeh kalawan purba wisesa pepestheningsun
Posting Komentar untuk "Versi 2 : Paseksen Panetep Panataga Wong Jawa (19/6/2021)"