BAB PANEMBAH MANUNGSA (5/4/2023)
“ BAB PANEMBAH TUMRAPING MANUNGSA “
Jaman seniki sinten ingkang boten remen ngawontenaken Pangaosan utawa Pengajian,tapi sejatining kagem pengajian utawa Ngaji punika kurang maedahi-kurang nambahi pangertosan...?
Kenging punapa mekaten...?
Sebab Lumrahipun jaman mbiyen pengajian punika namung mirengaken sesisih mawon, sebab tembung-e : Ngaji---sing manga mung siji, dados kurang adil, kenging napa kurang adil, amarga namung mirengaken sepihak mawon — lan secara jumlah punika katahipun namung pihak pendengar.Lan menawa kersa bersikap adil pendengar dipun paringi wektu / kesempatan kagem taken (Tanya Jawab/Komunikasi 2 arah) menawa wonten tembung-kalimat ingkang sejatine dereng mudeng utawa dereng di mangertosi.Kanthi soal / tanya jawab mekaten dados saged nambahi pangertosan ugi nambah ke-iman-anipun / keyakinanipun.
Jaman siki kanthi majuning kahanan lan uga anane media komunikasi - Ngaji bisa tanya jawab dadi bisa komunikasi 2 arah
Ngaji - Ngasah Jiwa
Jiwane terasah mestine dadi landep lanthip pikir ati lan pakartine dadi luwih becik.
Kagem Wong Jawa tembngipun “ Wejangan “ lan pancen paling gampang lan kepenak punika uga mirengaken “ Wejangan “. Nanging menawi cara mekaten terus ingkang dipun kulina-ake uga mengke andadosaken nalar ora bisa mulur lan ora bisa owah kapercayan lan gegebengan kang permathi.Mboh bilih Ingkang becik punika inggih anganggo cara soal-jawab wau ( Tanya Jawab ) utawi kanthi ngawontenaken Sarasehan kagem gosok ginosok
Soal-Jawab ing sarasehan kagem
gosok ginosok tumraping para kadang,punika “
PERLU “ sebab kagem kita ingkang dereng jelas perlu Takon ( Pitakon ).Lan
gawe pitakonan iku ya...Gampang ya...Angel ,lan kagem medalaken pitakon iku uga
perlu patrap / sikap uga empan papaning pitakon,lan perlu mawa tembang utawi
tembung kang perlu tinata kanthi permathi.
Kanthi pitakon uga iku bisa ketitik sepira kawruhe
sing takon,akhir-e bisa ngukur sepira pangerten-e
Kagem Kawruh---ngelmu kasunyatan / Kajiwan / Kasukman / karohanian
/ ka-Allah-an / kabatinan / Sangkan Paran / Ngelmu / Kasampurnan cara saiki ing
jaman modern jarene nyebut-e “ inner world
/ Dunia Dalam “ punika menawa di pun
Jinggleng utawi di pun ringkes namung dados
4 ( Sekawan ) bagian :
1. Penerangan
Bab Sesembahan (Gusti / Pangeran / Allah,dst.)
2. Penerangan
Bab Tilar Dunya / Tinggal Dunya – Titis Ing Pathi
3. Penerangan
Bab Dalan-e Pangudi — Makhripate ( cara agama
islame ) -- Cara lakune bisa tumuju marang kang
Sinembah (Gusti / Pangeran / Allah dst.)
4. Penerangan
Bab Ingkang Gaib Gaib
Kagem sedaya punika pemahamanipun
kedah urut.Ora bisa mluncat mluncat misal : amarga sampun rumaos sepuh / tuwa
mula langsung milih sinau “ Ngelmu Tuwa “ amarga kuwatir kaselak mbok-seda / tilar
dunya mula kang di perlokake golet wejangan mung bab patrape wong arep tinggal
dunya sementara penerangan liya liyane ora dadi kawigatene.
Cara Agama Islam : “ I n n a a l l i l a h i w a i n n a i l l a h i r o j i ’ u u n “ Saking Allah bali marang Allah.Nanging banjur
arep bali menyang endi..? Lha...wong babagan ke-Allah-an baen deweke tesih ragu
ragu iman lan iktikade..?
Semono uga kang ngudi makripat (
cara islam-e ),mangka durung jelas masalah ke-Allah-an,apa kang arep di
makripat-i yen iman lan iktikade tesih semang semang / ragu ragu...? Luwih
becik teberi nglakoni sembahyang sarengat baen.
Menawa wong kang durung oleh
penerangan kanthi jelas,serta durung ngancik tataran apa apa padane wong
lelungan kang sedyane mung arep nonton edi endahing paran,ora ngerti kang adi
endah iku apa lan deweke iku ana ing kutha ngendi...?
Ngrembug bab kawruh kasunyatan
iku uga perlu mangerteni patitising tembung kang dipun maksud tembung “ KASUNYATAN ”.Awit tembung kang di pigunakake ing
andaran kasunyatan iku akeh akeh-e tembung Arab utawa Sansekerta kang wis pada
mingsed karo tegese kang bener.
“ KANGGO NGANGSU KAWRUH IKU ORA
PERLU MADAK MADAKNA BARANG KANG PANCEN ORA PADA ”,dadi ora marakake
dadi bingung,nek bingung kebablasen dadine...? Bisa mlebu bangsal Yankeswa / Pelayanan
Kesehatan Jiwa RSU Banyumas,utawa istilahe
kena Penyakit Jero-Jeroan lan mengke pinanggih kula sederek...? Melasi
mbokan...? Sing Sejatine sing Melas-i iku Tukang Kayu,menawa pun di pelas / di
gosok kan dadi alus-e. “ Ora ana jarat-e
wong belajar Ngelmu Kasunyatan dadi kaya mengkono ( Dadi Kenthir / Gemblung) “ ,nek ana kedadeyan kang kaya mengkono
bilih amarga niku wau berarti dereng jelas / dereng mudeng utawa dereng P A S alias mluncat mluncat / mleset saka dalan anggenipun
ngangsu-ngonceti kawruh. Mula wong Jawa Panganggone “ Blangkon “ mengku karep Menawa Durung Gamblang / Durung
Mudeng mesti takon-e.Blaka Suta wong
mengkono Anane,mungguh ketemu men dadi Pener-e.
“ Kasunyatan “ tembung jawa
asal saka tembung lingga “ Nyata
“ kang tegese “ Haq ”.
Nanging “ Kasunyatan “ kang asal saka tembung Sansekerta iku“ Sunyata =babagan Surya = babagan Suwung “ iki mengku teges wis tekan
tataran makripat / arifin cara agama islam-e.
Kajiwan karo Karohanian
iku tegese pada yaiku kawruh babagan Jiwa – Roh .Lire badan alus.Nanging wektu saiki tembung Jawa iki akeh kang
mung ateges Budi Pekerti,terkadang ateges semangat/motivasi,malah ana kang mung
ateges .... napsu,iki pancen dudu kawruh ka-Allah-an awit Roh-Jiwa iku dudu
Allah.
“ Kasukman “ iku luguning teges ; “ Kailangan “ awit Suksma iku tegese ilang utawa ora
kasatmata,nanging wis wiwit kuna mula Gusti Allah iku sok sinebut Hyang
Suksma,mulane kawruh kasuksman iku uga di anggep pada tegese karo kawruh
ke-Allah-an.
“ Kabathinan “ iku luguning teges Sakabehing kawruh kang dudu babagan lair,dadi gampiling contho
punika sawernaning ngelmu aji jaya kawijayan-guna kasantikan – cara pangertene wong
seniki,menawa kados mekaten iku mau dadi dudu kalebu kawruh ke-iman-an,lha...nek
kaya mengkono iku dadi pancen dudu kalebu kawruh Ka-Allah-an.
Nanging menawa purun nglaras “
Kebatinan / Kabatosan saka tembung Batos / Bathin artine Gaib,Ngelmu kabatinan
berarti Ngelmu babagan ingkang Gaib gaib,dados sedaya ngelmu ingkang Gaib niku
kalebu ngelmu kabatinan.Allah iku gaib...Gusti uga gaib,Jin setan dst...uga
gaib...? Pripun...? Bathin di sebut gaib,sebab bathine antara wong siji lan
sijine wong uga beda beda,ora pada lan
ora bisa di mangerteni.
“ Ngelmu Tuwa “ iki
karepe uga kawruh bab Sampurnaning Pati sebab ujare umum wong tuwa iku wis
perek karo Pacul-e / Kubur-ane,kari nunggu suk kapan matine---wis cepak
matine.Iki awur awuran.Wong arep mati iku ora nonton umur,alias saka kepareng-E
uga pancen wis mestine ,dadi ora kur cengkir tok sing biasane tiba nglemah,tapi
bluluk be-cokan akeh sing pada tiba nglemah.
“ Sangkan Paran “ iku kawruh kang nerangake Sangkane /
Asal-e duk durung tumitah kepriye,lan parane (Ing
tembene mengkone) kepriye..? Dadi umpama-a ora menceng
iya iki kang
sinebut “ Ngelmu Kasampurnan
“.
“ K e – A l l a h – a n “
iku tetembunge Bahasa Indonesia iku Ke-Tuhan-an “ kawruh nerangake bab
Dat,asma,afngal lan kena di jembarake uga bab cara ngabekti marang Allah lair lan
batin iya “ Sarengat-Tarekat-Hakekat lan makripat “.
Bab tembung Allah iku pancen
bener mung “ Asma “ utawa “ Aran “ yasane manungsa iki.Dene si manungsa oleh-e
yasa / gawe aran iku manut bangsa / bahasa-ne lan panganggepe dewe-dewe. Pancen
Kang Gawe tembung “ Allah “ iku
wong “ Arab “ ,tegese “ Kang di Sembah.”
Nek Bangsa/Basa wong Jawa ngaturi jejuluk “ Pangeran “ tegese kang “ di Kawulani / di Ngengeri “.
“ GUSTI “ mengku teges “ Bagus bagusing Ati ”.
Ing Bahasa indonesia kasebut “ Tuhan “ tegese “ Tuan “ utawa “ Majikan / Bendara
“
Ning aja kongsi mandeg kabeh mau
mung pangaran-aran utawa Asma tok,nggih...? Sebab sakabehing Aran ora peduli
mung pangaran-aran utawa kang di arani “ Mesti Ana –
ne ”.
Uga ana tembung “ Aja seneng
marang barang kang daden-daden,lan uga
aja sengit marang barang kang daden-daden sebab ing kana uga ana sing Dadi.”
Sebab saben wujud/bentuk,uga
saben tembung mesti ana kang lungguh,nglungguhi---ingkang Gaib.
Bahasa umum-e saben ukara/tembung iku ana Khodame utawa ana isine lan sing ngiseni
Bahasa Spiritual-nya ” Tuhan itu
tiada bentuk-tiada ujud,tiada rupa,tiada warna ( ora Kantha-Kontho ora Warna ) dan Tuhan itu Maha
Pencipta,Menciptakan segala apa yang ada
di langit dan segala apa yang ada di bumi beserta isinya tetapi setiap Ciptaan
yang ada dan setiap bentuk yang ada adalah merupakan Bentuk-Nya-Wujud-Nya
merupakan Bentuk---Wujud Dia.”
Bab ana utawa ora ana,kejaba gumantung arane iku aran anggep anggepan utawa ketemu ora ketemu anggone nggolethi,sumangga iki kanggo contho wiwit kang kasar tekan kang alus,mengkene :
Basil ana utawa ora ana..? Basil iku rak terang ana,ta..? Nanging biasane kita yakin anane yen kita tonton sarana Microskoop
Atoom iku ana utawa ora ana ..? Atom iku rak terang ana,ta..? Nanging luwih lembut ketimbang basil,mulane kanggo ngyakinake anane ora sarana microskop yaiku sarana piranti liyane kang misahake si atom saka barang kang ana atom-e.
Rupa abang rak terang ana,ta..? nanging di tontona nganggo microskop di pisaha nganggo cara kepriye wae,ora bisa.Bola bali mung bisa kepethuk karo barang kang ketempelan si abang,kaya ta kembang wora waribang.
Rasa pedes ana,ta...? Nanging ora bisa di nyatakake nganggo microskop utawi piranthi pemisah, bola bali mung bisa kepethuk karo barang kang kadunungan si pedes,kayata Lombok.
Hla...Dina Ahad terang ana,ta...? Nanging kepriye carane ketemu karo si Ahad mau...? Kang luwih alus ketimbang si abang karo si pedes...? Yakin kita kepethuk karo si Ahad mestine ora kaya kepethuk karo Inyong-e --- “ Thuuk “ mengkene kiye.Umpama weruh kantor kantor pada tutup,sekolahan lan gadeyan uga pada tutup,ndadak kelingan wingi sore mambu wong ngobong menyan,....................rak iya banjur bisa netepaken yen wektu iki ( Dina ) Ahad temenan,ta...?
Kita yakin anane kang sinembah lan kita manungsa iku ora kuwagang utawa ora duwe daya kekuatan apa apa,sedaya saking kehendak-E.
Menawa ora yakin,cobanen menawa
kita mapan turu,prentahen mata siji turu siji melek bisa ora,rak ora bisa to...?
Mula kita kedah yakin ana-Ne amarga ana mesti ana kang nganakake.
Bab Panembah punika duk mengkanane
para sepuh – sesepuh kita mbagi wonten sekawan :
I. S E M B A H R A G A
·
Sembah Raga ( Sikap Tubuh / Badan ) puniku
pakartine wong amangang laku,sesucine
asrana saking warih (wudlu),kang wus lumrah shalat wajib limang wektu,wantu
wataking wawaton.
·
Ing uni uni durung,sinarawung wulang kang
sinerung,lagi iki bangsa khas ngetoken anggit,mintokken kawignyanipun,sarengate elok – elok.
II. S E M B A H C I P T
A
Sembah Cipta ( Sikap Pikir ) Ciptane
tansah nyipta panggawe utama,isi eling marang Pangeran Ingkang Maha
Tunggal,Pelenging Cipta ngiblat sawiji marang palenggahaning Gusti,ing
telenging Urip,iya telenging sanubari.
III. S E M B A H K A L B U
Sembahing ati ( Sikap Hati ) kang tansah sinucen kanthi mangun watak
utama.Esthining ati-manah bekti tresna marang Gusti,setyane tumanem ing
ati,awan apa bengi,ing paran apa ing panthi,tetep mastuti ing Gusti,pineleng
jroning ati kang sinuci.Mobah mosiking
ati,tansah nyeyadhang sihing Gusti,Ora ana sawiji wiji kang gawe goncanging
ati,awit kang kaesthi mung mituhu dhawuhing Gusti,kanthi tuntunan lan
padhanging Sang Guru Sejati
IV. S E M B A H R A S A
Sembah Rasa --- Iku “ R A S A – N E “ tansah karasa manembah ing Gusti.Marga
rasa tresna bekti lan gandrung sumiwi ing Gusti saya ndadi,mula rasa pangrasane
tansah karasa umareg ingarsane Gusti.Pepindhane kaya rasa pangrasa wong kang kapisah karo kekasihe kang den
tresnani (digandrungi) sanadyan kapisah adoh,nanging ana ing rasa pangrasane
kekasihe kaya sinandhing gumanthung
telenging jejanthung ,cumanthel pandoming netra.
@ @ @ G A M B U H
Samengko ingsun tutur, sembah catur : supaya lumuntur. Dhihin : raga, cipta, jiwa, rasa, kaki; ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon. ( Wedhatama Winardi ).
Posting Komentar untuk "BAB PANEMBAH MANUNGSA (5/4/2023)"