Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

KUNCI

 

Apa Kunci kue ?

Kunci Pambuka Panutup / Kanggo Mbuka uga Kanggo Nutup

Kuncine Kue URIP


Apa Karepe Kunci ?

Kunci kue mengku Karep Kun Kue Urip, Ci Kue Suci.

Kunci kue Urip Suci, Ya Urip Kue Dewe

Dewe - Siji - Eka - Mono - Esa

Suci kue berarti Murni / Murni ateges ora kamomoran ora kacampuran apa wae.

Urip Anggelar Panguripan

Panguripan kue cabang Urip - Para Putra Rama - Anglimputi Jagad Raya

Manungsa, Kewan, Tetukulan, Bakteri, Virus, sing keton lan sing ora katon ana ing Pagelaraning Panguripan ana ing Dunya kie

Urip kue Anguripi, Urip kue uga Langgeng, Mula Wong Duweke Urip, menawa di tinggal Urip e den arani Wong Mati

 

Mula Lakune Kunci memurnikan diri pribadi marang Pribadi sejati.

Manunggale Kawula Gusti, Kanthi Laku Selalu terhubung dan selalu mengikuti lan bisaa dadi ing sadina dina apa sabda dawuh e di tut di ikuti - di patuhi - di jalani - di lakoni,
Laku Lakon nglakoni ben dadi ora kur aku aku lan kur akon akon tok.
Manunggale Kawula Gusti, Kretenge ati bisa dumadi
Mula Pangane Pangandikane -  Pangecap e Pangucap den ati ati den kendaleni 
Ucap e Para Putra  Rama Kue dadi Wulangreh Sejati

Dawuh Sesepuh aja Warung Kopi.
Ana Tembung Beda guru beda ilmu - beda ngelmu - Beda Panemu - Beda Kawruh
Beda Sirah Beda Arah - Beda Pangarah - Uga bisa beda sing de arah
Beda Rambut Beda anggone nglembuti, Beda Anggone ngonceti

 
Kunci - Kumpul Nunggal Suci
Kumpul e Para Kadang Putra Rama ana ing tata gelar e
Kumpul e Kadang Putra Rama kalawan Sedulur e Sejatine / Papat Kalima Pancer e
Sabda Kadang Sepuh e Sastra Jendra : " Sapa Eling Sun Eling i, Sapa Lali Sun Banda Sun Taleni.."
Hayuningrat Ura Ura : " Menawa Luput Nyuwun Pangapura "
Mula Sedulur Sejatine di lenggahna di lungguhna, Idep, Madep, Mantep Tetep Ngadep Nderek Sabda Dawuh e Gusti Maha Suci.
 
 
Apa Karep e Tembung Gusti ?
Gusti kue Guru Sejati
Gusti Lenggah Lungguh e ana ing Bagus Bagus ing Ati
Sejati kue Seja ing Ati,
Krenteging Ati Bakal Bisa Dumadi

 
Kawula ?
Ka kue Kabeh, Wu kue Wujud, La kue Laku,
Kawula kue Kabeh Wujud Kang kudu Laku
Laku, Lakon, Nglakoni
Kawula kanggone para Manungsa kue Lakon ana ing Pagelaraning Dunya Kie Wayang Wong, menawa ana ing Pakeliran wayang Kulit.
Kawula kue Titah, 
Titah hamung Manut nderek marang kang Anitahake, 

Ana Tetembungan : " Kridaning Ati tan kuwawa mbedah Garising Pesti (Tembung Umum e kue Takdir), Budidayaning Manungsa tan Kuwawa Mbedah Garising Kang Maha Kuwasa. "
Titah  Hamung Pasrah Sumarah Marang Purbaning Gusti
 

 
Tapaning Urip kue Awas, Eling, Emut
Waspada ana ing pangerten lan pemahaman Kue Awas Marang Sepada Pada
Manungsa Pada, Putra Pada ning Urip, Laku, Laon, Nglakoni lan uga lelampahane bisa bae ora Pada,
Hasil Proses Laku Lakon Nglakonine bisa beda beda.
 
 
Penting e Oengetahuan ?
Pengetahuan kue Mempeng kanggone mencari Tahu / Mencari lan selalu berupaya nglenggahna nglungguhna, ngempanaken, Mampanaken Ilmu, Ngelmu lan Kawruhe ana ing Pagelaraning Panguripan kie.

ILMU - Isi Laku Metune kang Utek 
Kanggo babagan Tata Gelar e.
Mula angger Ilmune akeh Gelar e uga akeh cara sekolahe Bisa baen : Gelar Dokter, Mantri, Guru, Insinyur, dst.

Ngelmu kue Angel Sadurung e Ketemu lan nek Wes Ketemu Angel Anggone Ngecakna, utawa kanggo Laku Lakon Nglakoni secara Rutin terus menerus ( Secara Konsisten )
Perlune Observasi / Pengamatan,Niteni / Penelitian
Angger Wong Jawa Niteni, Mula Ngelmune Wong Jawa Kue Ngelmu Titen

Manunggale Ilmu lan Ngelmu dadi KAWERUH
Kaweruh kue mengku Karep Kanggo Weruh, Meruhi.
Menawa ana ing Panca Indra kue Kanggo Meruhi utawa Kanggo Weruh kue Mata,Mata mengku Karep lan Teges Kanggo Ngematna Barang Kang Nyata,
Mat Kue Rasa, Mula Kanthi Mata kie bisa mat, Bisa Weruh lan nyata

Salam Seni
Salam Budaya
Salam Sehat
Salam Sukses

Rahayu Rahayu Rahayu
Rahayu Sagung ing dumadi


Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "KUNCI"