Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Laku Lelampahan Putra Rama (2/4/2023)


Laku Lelampahan Para Putra Rama Kuwe :

1. RI - LA  :  Ri - Kari, Ku - kue Laku, 

Rila mengku teges karep Kari Laku, Kari Nglakoni, Kari di Lakoni 

Laku Lakone Kunci

2. NA-RI-MA  : Na kue Ana, Ri kue Kari, Ma kue Manut, 

Narima mengku Teges lan Karep Anane Mung Kari Manut 

Lakune Paweling - Purwa lan Eling, Eling Kawitane di Turunaken Marang Alam Dunya Kie

Urip Anggelar Panguripan,

Ana Ora Ana Ono, Ora Ana Ono Ora Ana

Urip Ora Ana ning Ono

Raga kue mikine ora dadi ono mengko balik ora ana mening

Arep dadi Satria Wujud gelare Lanang utawa Wanita Wujud Gelare Wadon

Para Putra Anane Mung Kari Manut, Anane Mung Kari Nampa, NARIMA

3. SA-BAR : Sa ku Rasa, Bar kue Mbabar, Mbeber,Mbubar

Sabar Mengku Karep lan Teges Rasane Wes Mbabar / Lair / Mijil, 

Sabar Kanthi Rasa kie wes mbabar / Mijil /Miji / Metu Para Putra Rama bisa Mbeber / Mbeberaken lan bisa anduweni Rasa Rumangsa Ngrumangsani lamona Manungsa kue amung titah sawantah / Utusan / mengkono Mau manungsa kanthi Manunggalaken Rasa manut ngenut Marang Rasane - Rasa Ketuhanan / Rasa Manunggale - Maunggale Guruloka Hendraloka Janaloka , Manunggale Cipta Rasa lan Karsane, Manunggale Lathi Ati lan Pakartine kanggo Urip Ana ing Ndunya Kene

Lakune Mijil

4. TE-MEN : Te kue tekun, Men kue Dimen / Selalu

Temen Dimen Tekun, Selalu Tekun, Selalu Temen / Serius 

Dawuhe Sesepuh " Sapa kang Temen bakale Tinemu, Sapa Kang Tekun Bakale Katekan. "

Tekun Sinau 

Tekun Anggone Laku Nglakoni Kanthi Rila, Narima, Sabar kinantenan Ngendaleni Hawa Napsune sing kang aran Napsu Kesucian / Mutmainah, Nafsu Amarah, Napsu Seneng Seneng / Cinta Kasih / Supiyah lan Napsu Aluamah / Naluri Makan Minum  / Turu, Sex,,

Lakune Singkir

5.  BUDI LUHUR  : Budidaya / Mbudidaya Marang sing Luhur / Kebaikan / Kabecikan / Padang / Pepadang,dst.

Budi kue siphate tumranping  Manungsa bisa padang lan Peteng, Luhur kue siphate Gustine kang Tansah Padang

Budi Panggonane ana ing Utek / Otak mula utek kadang bisa padang bisa peteng, menawa lagi akeh pikiran ruwet uteke dadi peteng

Kanthi Siphat Luhur saka Gustine kie Manungsa bisa olih Pepadang 

Luhur Kaluhuran tinempuh Pitukone Kanthi tansah Eling / Awas / Emut Lan Waspada 

Eling Awas Emut kue Marang Piwelinge / Sabda Dawuh DAwuhe, 

Waspada kue Pemahamane, Memahami Gelare Panguripan

Waspada Mengku teges / Karep  Awas Marang Sepada Pada / Sepada Padaning Urip

ana ing dunya kene


Lakune ASMO

AS-MA : Asale, Manunggal, Asal Manunggalake

Manungsa kue mengku Teges Lan Karep " Manunggale Rasa, Maunggalaken Rasa "

Asmo kue mengku Karep Asale Manunggal kudu Bali Manunggal, 

Manungsa urip neng Dunya bisa-a selalu berupaya  laku / nglakoni / lelampahane kanthi Manunggalaken Rasa,

Asmo Sejati - Sejatining Asmo



Guyub Rukun

Guyub Rukun Gelar Gulunge

Gelare Guyub Rukun kambi Para Kadang Putra Rama / Guyub Rukun Sapepadaning Urip ana ing Dunya Kene

Guyub Rukun Kalawan Kadang Jatine Dewe / Sedulur Jatine Dewe



Putra Rama 
Anglimputi Jagad Raya
Sing Keton Sing Nyata lan Uga Sing Ora Keton Sing Ora Nyata Amnut Pandangan Mata



Putra Rama 
Laku Suci Pungkasaning tekan Rasa, Rasane Rahsa Manunggal




Paguyuban Putra Rama
Paguyuban Mengku Teges lan Karep " Papan Kanggo Guyub Rukun "
Guyub Rukune Sapa ?
Guyub Rukune Para Putra Rama

Eling Sabda Dawuh Romo  " Para Putra Kudu Ngaku Ngakoni Lamona di Sabda Dadi Putra Romo "


Salam Seni
Salam Budaya
Salam Sehat
Salam Sukses selalu

Rahayu Rahayu Rahayu
Rahayu Sagung ing dumadi
Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Laku Lelampahan Putra Rama (2/4/2023)"