Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

TUMPENGAN - ELING URIP E

Tumpeng
Tumuju Lempeng, Tujuane Lempeng, 
Tumuju Meng Pengeran
Tumpeng gegambarane kadyo Gunung
Nek Neng Wayang Gunungan - Kayon - Kayu - URIP
Gunung mengku Karep Gumulung Nunggal Gaib

Bentuk e Segitiga
Segitiga mengku Karep " Telu Telune Atunggal, Triloka Buwana (Jagad Cilik), Triloka Bawana (Jagad Gede)
Triloka Buwana (Jagad Cilik)
Cipta, Rasa Lan Karsa,
Guruloka, Hendraloka, Janaloka,
Griya Parameyaningsun, Griya Palaranganingsun lan Griya Pasuciningsun
Otak, Hati dan Kelamin
Baitul Makmur, Baitul Muharam, Baitul Muhadas
Lathi/Ucap, Ati lan Pakarti. Nyawiji ing Gusti

Triloka Bawana (Jagad Gede)
Surya, Candra lan Kartika,
Srengenge, Wulan lan Lintang
Matahari, Bulan dan Bintang
Suryasangkala, Candrasangkala lan Palintangan,
Manunggale Surya Sangkala, Candra Sangkala lan Palintangan dadi anane PRANATA MANGSA
Pranata Mangsa Pranatan Tumrape Para Putra Rama / Pranatan Kanggo Para Manungsa
Desa Mawa Cara (Memiliki Tradisi/Kearifan Lokal), Kota Mawa Tata (Memiliki Tradisi dan Kearifan Lokal/Aturan), Tata Teter (Ujian/Cobaan/Tes Tesan) Tataraning (drajat/Pangkat/Pendapat/Pendapatan,dll) Para Putra / Manungsa Beda Beda.

Eling Dawuh e " Kridaning Ati tan Bisa Mbedah Garising Pesti, Budidayaning Manungsa tan Bisa Mbedah Garising sing Maha Kuwasa."

Urip Neng Ndunya Saderma Nglakoni.
Wajibe Laku di Lakoni Wajibe Panandang di Sandang.
Eling Dawuh e : " Sakabehing Laku Wajibe Hamung Katumindakake, Elingana Sakabehing Tumindak Hamung Ganep Ganeping Lelakon lan Lelampahan. "


Titah Hamung Nderek ngetut Marang Kang Anitahake,
Kawula Hamung nderek Ngetut Marang Gustine,
Titah Pasrah Sumarah Purbaning Gustine

Rahayu Rahayu Rahayu
Rahayu Sagung ing dumadi



Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "TUMPENGAN - ELING URIP E"