Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

URIP


URIP

Apa ta Kautamaning Urip Ana ing Alam Dunya Kiye ?

- Berbuat Kebaikan, Darma ?

- Ngibadah Sing tekun ?

- Sodakoh Sing Akeh ?

- Tetulung Mring Sapepadhaning Urip ?

- Apa Kaya Kie Jawabane ???

Jawaban Menungsa siji lan Sijine Mbok menawa Beda alias ora Pada.

Tapi Mbok Menawa, Jawaban Kae Mau Neng Nduwur Pas lan Bener Kaya Kue Anane lan Kudune.

Tapi Menurut Jawabane menawa ana ing Kapribaden utawa Wong Jawa khusus e Dudu Kue Mau Jawaban sing " PAS."

Jawaban Kae umum lan wes Lumrah.

Menawa Wong Jawa Njawab utawa Para Putra Rama Njawab Jawabane sing Pas "Kautamaning Urip Ana ing Dunya kue, ya URIP kue Dewe "

Kenangapa Jawaban Sing Pas Kaya Ngono ?

Sebab Mergane URIP kue Mau Bisa Agawe Anglakoni Ngibadah, Anglakoni tetulung lan Mergawe / Nyambit Gawe / Makarya.

Mergane Urip kue Anguripi dadi bisa tetulung, bisa aweh Pambiyantu bisa awujud Pamikir lan Pambiyantu tenaga  sarta pambiyantu kang Awujud Dunya brana.

Mergane nek wes ora Kadunungan Urip menungsa ingaran Mati.


Apa ta Ingaran URIP kue Mau ?
Urip Menawa ana ing Pangelmon den arani :
- URIP/ Kayu / Kayon
- Hayat kue ingaran Urip Anguripi
- Urip Anggelar Panguripan kue ingaran Kayun
- Urip kue uga Langgeng ingaran Kayu Daim

Urip kue Ora Ana tapi ana.
Urip kue ora bentuk nanging nggawa bentuk
Urip kue ora berbentuk ning Membawa Bentuk

Urip Anggelar Panguripan,
Merga Anggelar Panguripan kie akhir akeh Bentuk bentuk ana ing Tata Gelar e Panguripan,

PANGURIPAN,
Pang Kue Cabang, mula tata gelar e maneka warna, maneka bentuk, sing keton sing nyata lan sing ora katon ora nyata ana ing tata gelar e.

Mata mengku karep teges Ngematna Barang kang nyata.

Urip kue Mono,
Urip kue Esa
Mula Duwur Duwur e Langit, duwur duwur e gunung Semono,
Gede gedening Kewan lan Pendapat Pendapatan uga Semono,  Jero Jeroning Segara uga Semono, Sugih sugihing Menungsa Semono, Mlarat Mlarat Menungsa uga Semono, Seneng Susah Bungah uga semono.
Kabeh mau Kawengku dening Mono

Urip neng Gajah sing gede semono,
Urip ana ing tengu utawa Bakteri Virus dst. uga Semono
Urip ana ing Gajah uga Pas ora kegeden,
Urip ana ing Tengu / Bakteri / Virus uga Pas ora Keciliken
Urip manggon ana ing apa baen mesti Pas,
Pas berarti ora kurang ora luwih

Urip lungguh e ana ing Rasa,
Kuasane Obah lan Angobahake sarta Molahake

Ana Banjir, Ana lindu, Ana Bencana alam lan liya liyane, wong pada mlayu mlayu ngungsi / nyingkir pada anggoleti Urip.
Bisa Mangan, nginum, bisa lelungan, bisa ini itu lan liya liyane amarga Urip.

Bisa ngibadah, bisa ngomong, bisa tetulung amarga Urip.
Mula den Arani Wong Urip. Mergane duweke Urip.
Den Arani Tiyang Urip, sebab Tiyang / saka ne Urip
Menawa di tinggal Urip di arani Wong Mati.

Urip di Gembol Rina kalawan Wengi ning kenangapa ora pada di elingi / di emuti di ngerteni, lan ora di sadari ?

Amarga Tembung kata katane sederhana " URIP "

Apa Amarga kaya ngono menungsa jawa khusus e dadi pada lali amarga katutup gebyaring njaba ?

Mula tata Gelare Wong Jawa kue sederhana, Cablaka utawa tembung e apa anane.
Bahasane umum e kue Low Profile, Tinarbuka, Open Mind / Selalu terbuka Otak utawa Pikiran,dst

Urip kue Ora Ana Ning Ana.
Elingono Lamun Raga mikine ora ana dadi Ana, mengkone raga uga balik ora ana, sebab Balik mring Asal Usul e ingaran Anasir " Bumi, Geni, Angin lan Banyu sarta Cahya.
Nur - Cahya - Nurcahya (kanggo mbangetaken).

Amarga Nur / Cahya sumber e Asal e saka  Maha Suci dadi den Arani Sanghyang Nurcahya.

Menawa ana Pangerten umum njaba den Arani Nur Muhamad / Cahya Kang Pinuji.

Manungsa Jawa Panembahake den Arahaken Marang URIP,
Kanthi gegambarane Wujud kue mau tandane Telapak tangan kanan kiri manembah sungkem neng pujuk irung / grana,
Irung kue lawang e mlebu metune napas,
Tetalining Urip kue ana ing napas,
Kanthi linambaran laku lampah nglakoni " Neng (meneng), Ning (Wening/Bening), Nung (Nunggal / Kadunungan) 

Mula Kanthi NUNG Kie Nunggal lan Dunung Kadunungan apa kang Dadi Sedya Kalawan Gegayuhane Urip Ana ing Alam Dunya kene kie.

Jagad kie Gede, Jagad kie Ageng, Agung.
Mula Wong Mbiyen pada kon anggoleti Gung Susuhing Angin, Tapaking Kuntul anglayang, Isine Bumbung Wungwang, Galihing Kangkung, 
Urip kie Kusuma Anjrah ing tawang, Tunjung Tanpa telaga, dst.

Pasrah - Pas kalawan Rahsane/ Rasane.

Soleh - Rosone kudu Sumeleh

Rokok - Roso kue Pokok

Manungsa - Manunggale Rasa

Asma - Asale Manunggal

Aroma - Asale Roso Manunggal

Asmara - Asal Manunggale Rasa

Samara - Rasa Manunggal Kalawan Rasa

Eling Marang Urip,
Eling Marang Sabda Dawuh e Maha Urip,
Tapaning Urip kue " Awas, Eling, Emut."

Waspada - Eling Awas Marang Sapadha Padha ana pagelaraning Urip ana ing dunya kie

Putra Rama - Anglimputi Jagad Raya

Lakune Putera Rama " Laku Suci Pungkasaning Tekan Rasa, Rasane Rasa Manunggal."


Salam Seni
Salam Budaya
Salam Sehat
Salam Sukses untuk Kita Semua

Rahayu Rahayu Rahayu
Rahayu Sagung ing dumadi
Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "URIP"