KELUARGA : BADA - WULAN SAWAL (24/5/2020)
WULAN SAWAL
Kumpul Keluarga (Arsip Dokumentasi 24/05/2020)
Idul Fitri - Fitrah - balik bersih kaya awal kadyo denen Bocah Tembe Lahir
Kabeh Menungsa neng indonesia khusus e Jawa pada Balik Mudik
Balik Mudik kanggo sungkem marang sing tua / marang wongtua sing neng ndesa
Balik Ndesa asal e dewe dewe
Temu Simbah, Temu Rama Biyung, Temu sedulur lan Kanca kanca
Apa Karep e Tegese Wulan ?
Wulan tata gelare ana ing Angkasa cahyane padang, Purnama luweh padang ana ing Tanggal 13-15 ing saben wulane.
Apa Hakekate Wulan ?
Apa Karepe / Hakekat e Sawal ?
Kanggone Para Pelaku Spiritual kang den arani Wulan,
WU-LAN mengku karep teges " Wujud Laku Lelampahan,"
Lakune Para Putra Rama
Wulan
Wulan ana ing tanggal siji njlarit ibarate kaya ing candrane " Nanggal Sepisan "
Perjalanan wulan ing angkasa kalawan candra sengkala / kalender kue proses wujud e keton nyata.
Ing Tengah Tengahing candra sengkala Tanggal 13 - 15 Wulan neng angkasa kue bunder,
Wulan bunder kue den arani Purnama,
Purnama kue hakekate Purna Kue Pungkasan, Ma kue manunggal, Pungkasan laku pungkasan manunggal,
Purnama - Sampun Paripurna, Wes Nggembleng.(Maanunggal)
Sa-Wal mengku Karep utawa Teges " Sa kue Rasa, Wal kue Awal "
Rasa sing awal, Rasa sig Ngawali, Awal e Kabeh Sekang Rasa.
Mula sing nuntun Rasa, Singajek Rasa, SIng krasa enak ora enak, penak ora penak kue ya awal e Rasa.
Rasa Sing Awal,
Asmara - Asal Manunggale Rasa,
Rasa Manunggale Wongtua Sakloron, Rama Biyung,
Manunggale Rasa, Rasane Rama Biyung, Bapa Ibu kue ana sing dadi lan kedadeyan, Laire Para Putra Rama.
Siphate Satria lan Wanita Sejati
Bleger Wujud e Lanang lan Wadon, Jalu lan Estri
Sawal - Salam Salaman
Sa-lam mengku Karep Rasa Alam, Rasa sing di alami, Alame Rasa, Rasa Para Putra Rama,
Kanthi Salam salam an wujud gelare Jabat Tangan,
Jari Lima Lima - Bali Manunggal, Manunggale Rasa,
Rasa Bersatu Menyatu Melebur menjadi satu kesatuan,
Wujud gelare Silaturahmi Silaturahim di antara Para Putra Rama / Para Manungsa

Salam Seni, Salam Budaya, Salam Sehat, Salam Sukses Selalu
Rahayu Rahayu Rahayu - Rahayu Sagung ing dumadi
Posting Komentar untuk "KELUARGA : BADA - WULAN SAWAL (24/5/2020)"