Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Methuk Taun Anyar Jawa - 1 Sura 1957 (18/7/2023)

 

1 Suro 1957 - 18 Juli 2023

Taun sing lagi lumaku Taun Ehe Dina Awal e Wulan Sura kue Dina Ahad / Minggu Pon 1956. Sedela mening wes arep mlebu Taun Jawa 1957 neng Taun Jimawal, Dinane Jemuah Pon (ABOGE). Suryasengkala 18 Juli 2023

Malam 1 Sura mengko ana ing Dina Kemis Sore Malem Jemuah Pon, Malem kie kanggone Para Menungsa Jawa Mulatsariro Hangroso Wani.

Sura mengku Karep, Sejatine Urip kue Lungguh e Ana ing Rahsa.

Sura uga mengku Karep Suraose Rasa, Nyurasakna Rasa, Rasa sing wes di lakoni selama setaun kepungkur lan nyiapna Rasa Pangrasa kanggo ngadepi Taun sing mengko Bakale di lakoni.


Dina - Dumadi Ana

Pasaran - Pas Kalawan Sasaran e

Kabeh Dina lan Pasaran kue Becik, Ning Becik kanggone Butuh apa ? 

Butuhmu Apa ? 

Butuh Kanggo Perlu apa ???


Wulan mengku Karep Wujud Laku Lelampahan,

Lelampahane Para Putra,

Putra mengku Karep Hanglimputi Jagad Raya.

Romo mengku karep Roh Mono, Roh Semono, Roso Manunggal.


Lakune Wulan Pertama kue Ibarate Tanggal Siji utawa awal dina pertama ing saben wulane Candrane kadyo alis e Naggal Sepisan.

Wulan - Candra, kanggo laku gegambaran para menungsa.

Mula lakune methune wulan kue awit tanggal siji tekan tanggal akhir wulan kue ora pada.

Puncak e wulan ana ing Tengah tengah - Ingaran Purnama

Wujud e wulan Bunder Klewer.

Ning mengko muter e wulan nek arep mlebu tanggal akhir wujud bleger e wulan kue balik mening kadyo wujud e kaya ana ing awal tanggal.

Kang Wulan / Candra kie uga lair a ingaran Candra Sangkala / Kalender Wulan / Bulan.

Mula wulan cara kanggo nggambarna laku kanggone lakune para Putra kue Cara Lakune ora Jejeg alias mulur mungkred / owah gingsir utawa ora ajeg.


Sing ajeg jejeg hamung srengenge utawa Surya, kawit mlethek tekan mangslup utawa terbenam wujud blegere bunder klewer.

Mula kanggo nggambarna laku lampah sumber pepadhang kang ajeg / konsisten mbok menawa Surya kie.

Saka Sang Surya uga lair Ingaran Surya Sangkala / Kalender Matahari.

Manunggale Surya, Cadra lan Kartika Utawa Palintangan lair Pranata Mangsa.

Pernatan / Pranatan kanggo Nata Tatanan  Pata Putra, dadi kanggo sumber Pangerten, tatanan kanggo Para Putra, dimen selaras, nyelaras Jagad Gede (Bawana) lan Jagad Cilik (Buwana)  Para Putra, Inggih Kanggo para Putra Romo.


Purnama - Pur kue Sampun Paripurna, Ma kue Manunggal.

Purnama kue wes akhir, wes pungkasan, pungkasan e kue Manunggal.


Jemuah Pon, 21 Juli 2023 mlebu 1 Sura 1957 (ABOGE)

Para Putra pada hanglampahi Adus Banyu Kembang,

Kembang mengku karep, Sungkem e aja pada ngasik mambang/ mamang - ragu utawa ora temen,

Sungkeme para Kawula Marang Gustine,

Sungkeme para anak maring wongtuane, Sungkeme marang leluhur e, dst.


Menyan - arep menyang ndi ? Arep Menyatakan Apa ? Tembung  e Apa njaluk Apa ? Karepe Apa, saat menyan mulai di bakar ?

Menyan di arani Sega Putih.

Sega mengku Karep Seja / Niat / Karep ing Gaib.

Sega uga mengku karep Sejatine Gaib.

Putih mengku karep Hanglimputi ing Getih.

Menyan menyang ndi ? 

Sangkan Paraning Dumadi.

Eling sangkane / kie eling maring Asal e, Elung marang Parane / Tujuan urip neng dunya kie, lan Eling Dumadine / Asal mula kejadiane.


Dupa Mengku Karep Dunung e Panguripan - Dunung e Pangeran, Pangengeran, Sapa Sing ngenger ?

Ya Inyong Padha, Sing Ngenger mring Gustine.


Gusti kue Mengku Karep Guru Sejati, 

Gusti kue Lenggah lan Lungguh e ana ing Bagus Bagus ing Ati

Gusti  Alah, Gegambarane Bagus Bagusing Ati saka tingkah kalawan polah, Tingkah Polah kang tundhone kanggo Rahayu sagung ing dumadi

Anggelar Sesaji - Sejatining Rasa Siji, Rasa Nyawiji, Nunggal Siji.

Manunggal e Kawul Gusti, 

Manunggale Cipta, Rasa lan Karsa

Manunggal e Lathi, Ati lan Pakarti

Idep, Madhep, Mantep lan Tetep Ngadep Ing Gusti


Kanthi mulat sariro hangroso wani / Interopeksi diri pribadi muga para Putra / Para menungsa bisa a dadi menungsa / Wong sing luwih apik / sing baik.

Apik utawa baik tok urung cukup, sebab wong apikan / wong sing baikan bisa di manfaatkan oleh wong wong cerdik lan licik.

Mula nek wes berupaya dadi wong sing apikan / Wong Sing Baik, Para Putra kudu Cerdas.

Kecerdasan ana 4 : Cerdas Intelektual / Pikir / Otak, Cerdas Emosional, Cerdas Spiritual dan Cerdas Finansial.

Iki perlune babagan Pethung.

Perhitungkan langkah langkahmu, Ucap/Lathi, Pas no Karo isi Atimu (Pasopati) lan Pakarti / Sikap Perbuatan dan Juga keputusan / Mengambil Pengambilan Keputusan, Implementasi secara riil secara nyata dadine Kasunyatan / Haq.

Ucap- Lathi, Ati, Pakarti Nyawiji ing Gusti


Menungsa Jawa pada Tirakatan, Tarak Brata, Dedonga, Nyeyuwun Mring Asihing Gusti, Muga Rahayu Kang sarwo Tinampi, Tinebihna sakatahing bilahi, Tentrem Lair Bathine, Rejeki kang adoh di cedhakake, sing cedhak di wujudakake, kanthi wujud kasunyataning nyata kang bisa di nimkmati dening kula sakeluarga sa-anak turunipun


Salam Seni

Salam Budaya

Salam Sehat

Salam Sukses Selalu


Rahayu Rahayu Rahayu

Rahayu Sagung ing dumadi


Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Methuk Taun Anyar Jawa - 1 Sura 1957 (18/7/2023)"