Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

REREPEN KANGGE ING NALIKA PENGANTEN SUJUD DUMATENG RAMA LAN IBUNE (31/5/2024)


MASKUMAMBANG


Rama Ibu Pepunden Kula Sayekti

Ngukir Jiwa Raga

Dados Lantaraning Gusti

Hanitahaken Kawula


Bekti Kula  mugi katur yayah wibi

Sinartan Panedha

Lumunturing Pangaksami

Dumateng Lepat Kawula


Rama Ibu mugi paringa pepuji

Nggen Kula Bebrayan

Manggiha Suka Basuki

Ing Dunya tekekng delahan



Salam Seni

Salam Budaya

Salam Sehat

Salam Sukses selalu


Rahayu Rahayu Rahayu

Rahayu Sagung ing dumadi


Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "REREPEN KANGGE ING NALIKA PENGANTEN SUJUD DUMATENG RAMA LAN IBUNE (31/5/2024)"