Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Apa KArepe Tembung " NYUPANG "


NITOR OMONG KAKI

Ana Tembung " NYUPANG " 

Konotasine tembung kie dadi kurang Apik utawa Kurang Positif. Masyarakat secara umum menawa krungu tembung kie Nyupang kue " Pesugihan Njaluk Maring Bangsa Alus."

Jaman Ganu kae Angger Wong di Arani Nyupang kue Pada Maring Kuburan Tua - Panggonan Angker - Petilasan Petilasan sing Kramat, dst. 

Akehe Wongarani Nyupang kue pada Njaluk Meng lelembut 

Njaluk :

  • Njaluk Sugih
  • Njaluk Dagangane Laris
  • Njaluk men Dadi Njagong dadi Lurah - dadi Pejabat
  • Njaluk Men Usahane dadi SUkses, dst.

Dadi Merga Kue MAu dadi Konotasi Kurang Apik - Cara SIki ana SIngarani Menduakan - Mangro Tingal - Kemusyrikan, dst.

Tembung INgaran Bangsa Alus kie uga werna werna, manut sapa sing ngomong sapa sing crita. 

Inyong Tek Takon : Sapa Urip Neng Dunya Kene Sing Ora Pengin Sugih ? Gelem Mlarat ? 

Sungkane Mestine Jawabane " ora ana Sing Gelem Mlarat mbokan ?."

Tembung Pesugihan baen pro kontra ? Konotasine Pada Kurang Pas. Ana Singarani Pesugihan Putihan ana Singarani Cemengan (Hitam).

Kahanan Dunya kie pancen pro kontra - Positif negatif.

Pengerten lawas ingaran " NYUPANG " kue saka Tembung :

  • NYU : Nyuwun, Nyuda, Nyuguh
  • PANG : Pangeran, Panguripan, Pangan

Nyupang :

  • Nyuda Pangan - Angurangi Pangan / Puasa / Tirakat ora mangan
  • Nyuguh Pangan - Nggelar Sesaji kang tujuane kanggo Pangeling Eling lan Pangemut emut, Ana Tamu Nyuguh Pangan Nginum Meng Tamune, dst.
  • Nyenyuwun meng Pengeran  - Meminta / Nyadong / Njaluk katentreman, Karahayon, Kecukupan Sandang Pangan Papan, dst.

Esih Neng Dunya kene kie ayuh sedulur pada : Nyenyuwun Urip Penguripan, Nyenyuwun Sandang Pangan lan Keslametan Dunya Delahan, dst. Kanti Laku - Mlaku - Sing De Lakone Manut Pengertene Dewek Dewek sing di ngerteni lan sing di yakini (Di Imani).

Eling Lan Waspada, Sebab Dalane Lunyu. Aja Ngasik Keplarak Meng Panggonan Sing Ora Bener ora Pas.

Eling Gusti Kang Murbeng Dumadi, Eling Maha Suci, Eling Kunci

Kuncine Kudu Pas - Sebab Nek Ora Pas dadine Ampas.

Masalah Nyuguh Pangan (Berdarma) kue bisa maring sapa baen / Bisa maring sapepepadane Urip : Menungsa, Kewan, Tanduran, dst.

 

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Apa KArepe Tembung " NYUPANG ""