Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Paweling - Apa Karepe ?



PAWELING

Gondelane Para Putro Romo kuwe Panca GHAIB :

  • Kunci
  • Paweling
  • Asma
  • Mijil
  • Singkir

Siki Kie Mbahas babagan PAWELING, Apa Karepe Paweling Kue Manut Pangerten Putro Romo ?

Paweling Tegese Pangeling Eling. Paweling Kue Purwa Lan Eling.

Eling Marang Purwo Dumadi lan Sangkan Paraning Dumadi

Paweling kue Piweling Pangeran Marang Para Manungsa Kabeh, Piwelinge Romo Herucokro Marang Para Putro

Paweling Kalih Kunci kue Lahir e Disit Paweling, Sebab Paweling kue Kawit Kuno Makuno kue wes Ono, Liwat Ilmu Ilmu Kebatinan, Ilmu Kerohanian, ilmu ilmu kimia, dst..

Mung Bedane Pangerten ingkang di maksud mandeg tan bisa terus awit dereng di wedaraken maring sumber sumbere SUMBER.

Pangerten kang Wonten niku sebatas Angen Angen Budi Pakarti lan Pancadriya, banjur neng kene para Wong pada udreg udreg an kabeh pada rebut babagan Bener, kowe sing salah aku sing bener -Aku Sing Bener Koe SIng Salah dadi ora ketemu, Awit Pangerten mau durung di paringi Paguwoso.

Bedane karo Putro, Awit Para Putro wes di paringi Pangerten Lumantar - KUNCI

Sebab Pangerten Mau ora kandeg Sebatas Sanduwure Gulu Ning Gelar lan Gulung, Pangerten mau Nyebar Sa-Alam Dunya. Anane Wong Bisa Nyebut Pangeran Margo di Paringi Pangerten, Menawa ora di paringi Pagerten kabeh kue ora ono.

Pangerten mau dadi titik titik sumebar sadunya, tapi titik titik mau menawa di ringkes dadi Sang Hyang Tunggal.

Pangerten kue mau dadi Permasalahan Permasalahan ana ing alam dunya tekan siki.

Dawuh e Romo, Paweling Maringi Pangerten Marang Putro kanggo Mangerti Purwo Dumadining Siro Marang Sangkan Paraning Dumadi.

Dawuhe Romo Kanggo Mangerti Purwo Dumadine lan Sangkan Paraning Dumadi ono PAWELING

Paweling :

Siji Siji, Loro Loro Telu Telunono

Siji Sekti, Loro Dadi, Telu Pandito

Siji Wahayu, Loro Gratrahino, Telu Rejeki


Siji Siji : Menungsa Siji Olih Padang Siji.

Kabeh Menungsa Olih Padang Siji, Padang Siji kue Gumelaring Roso ngasik sundul langit mula siro bisa nyawang tekan langit.

Mula Saben Menungsa Kue Olih Padang Siji Kang Amadangi Jeneng  Siro Dewe. Neng Kene Padang E Pikir, Padange Ati kue Siro Dewe Kang Bisa Madangi, Padange saka Laku lan Tumindak e Siro Dewe

Loro Loro - Bumi ;lan Padang, Awit menawa ora ono padang ora ana Tetukulan,Kewan lan Menungsa

Awit mau di padangi telu neng duwur :  Srengenge, Wulan lan Lintang

Purwo Dumadine Menungsa ana telu perkoro Cacahe 

Siji kue Kedadeyane Srengenge Wulan lan Lintang

Loro Kedadeyane Bumi, Banyu lan Hawa (Dudu Udara / Angin ning Hawa  = Langit)

Telu Kedadeyane Tetukulan, Kewan Lan Pungkasan Menungsa mula ana Rejeki.

Mula Kedadeyane Menungso paling mburi, Telu Telonono kue Sedaya Njangkah Kedadeyane Wanda lan Kuwandane Manungsa  Kue Kedadeyane saka disit Tetukulan, Kewan Lan Tembe Menungsa


Siji Sekti Loro Dadi Telu Pandito

Awit Menungsa anduweni Roso Rumongso lan Ngrasakake

Sekti - Dadi - Pandito artine kita anyekseni sedaya Yasane Romo ( Langit, Srengenge, Lintang, Wulan dst.) kang dumadi kabeh mau kue dadi, mapane kue mau di tata

Terus Njangkah marang Tumuruning Wahayu Manunggale Wahayu

Wahayu kue Ruh Suci

Tumuruning Wahayu - Menungsa Urip Neng Ndunya Kue Mung Sepisan Nampa Wahayu, wahayu Kue Siji, Mula Sejarah Urip e Siro nang Ndunya Wektu sing Pada Mung Sepisan ora di bolan balen, mula wektu kue berubah ubah, tegese menungso kudu bisa nampani setiap perubahan.

Tumuruning Wahayu Manunggale Wahayu - dadi Njangkah kang ingaran Gratrahina - Kue Tetukulan, Kewan pungkasane kue Rejeki, Rejeki kue Jabang Bayi, Jabang Bayi yo kue Menungsa

 

Salam Kekedangan Dumateng Para Putro ROmo - Tentrem Rahayu Kang Sarwo Pinanggih

Rahayu Rahayu Rahayu - Rahayu Sagung Ing Dumadi

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Paweling - Apa Karepe ?"