Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Payung Tunggul Jati - Wong Urip Kudu Ngerti Marang Urip e

 


WONG URIP KUE KUDU NGERTI MARANG URIP E

Sapa sih Sing Gawe Urip ? Sing Gawe urip Kue tan liya Rama lan Ibu, Iku Ana Tetembungan : " Elingo Putraningsun asaliroiku iku ana amarga Manunggale Rasa Sejati Duk Nalika Rama Lan Ibu manunggal sawiji Rangkul Rinangkul tan lamun pisah lamun rasa durung pada mijil, jeneng siro tumurun ana ingarco podo, marmaneh jeneng siro aja wani wani mring wong atuwaniro, yektine kang njangkung lan dadi pepayungiro iku sinebut Payung Tunggul Jati."

Sapa Kang Sinembah ya URIP

Sapa Kang Murbawasesa sa Jagad Saisine ya URIP

Sapa Ngobahake Ragane Manungsa ya URIP

Sapa Sing Nurokne Ragane Manungsa ya URIP

Sapa Singnangekna Ragane Manungsa ya URIP

Mula URIP Kang Sinembah Sakabehe URIP

Mula Jenegsiro Aja Lali Kalawan URIP e, Manembaho Mring URIP e

Urip Kue Pada karo Kunci, Kunci Kue Witing URIP

Jenengsiro yen bakal ngerti wujud e, Jenengsiro kudu tansah Eling Marang Kuncine, Eling Karo Ramane

Sapa kang nglungguhi ana badaniro pribadi mesti bakal  ketemu yen jenengsiro gelem ngupadi, 

Yen jenengsiro ora gelem ngupadi ora mungkin jenengsiro bakal pethuk karo URIP e

Yen bisa Kepethuk Kalawan URIP e apa Kang di sedyo teko, apa kang di cipto mesti dadi

Sejarahe Manungsa kue :

  • Siji - Loro Sasi = MULUNG
  • Telu Sasi = Rupo
  • Patang sasi = Osik
  • Limang Sasi = malik
  • Nem Sasi = Ngetang
  • Pitung Sasi = Gya Ngayun
  • Wolung Sasi = Ngetang
  • Sangang Sasi = Gya Ngayun

Jabang Bayi Mijil Ana Loro Margane

Sing Siji Saka Margoino, Sing loro Datan Metu Saka Margoino

Sing metu saka margo ino kue kena Pati ya iku roh suci kang dumadi manungsa, kang loro ratu jalu lan Estri iku tan kena ing pati

Mula Jenengsiro  Elingo Purwaning Dumadi, Yen Tansah Eling Purwaning Dumadi kue Bakal Slamet 

Ana Apa Apa Kunci, Ora Ana Apa Apa Kunci

Kunci Kue Kang Purba lan wasesa Sakabehing URIP

Kunci Kue Witing URIP, ya Wiwitaning URIP ya Kena di gunaake kanggo Sembarang Kalir Ning Lantarane Kudu Ana ASMONE yen wes di sebut Asmone ....... Sebut ASMOne Jeneng Siro Mijilo Jenengsiro Arso ....... Murih Sedyane Kaleksanan Kanthi Slamet 

Iku Bakal Wujud utawa Kasembadan Lamona Temen Temen

Lakune KUNCI : " Sabar, Narima - Iklas lan Ngalah."

Soale Urip Kue Isine " Tresna Welas lan Asih."

Dadi Wite kue Mau Tresno Welas lan Asih

Welas Kue Mau pasane

Asih Tresno Kue Lakune

Mula dadi Putro Romo kue Abot ora kandeg ana ing omongan ning kudu sabar narima ngalah tresno welas lan asih

Yen Kepengin di Jangkung Karo Ramane Kudu Saben dinane tansah eling karo Kuncine, Aja Lali Karo Kuncine, yen di tinggal kalawan Ramane Mesti Bakal Budhal (MATI)

Wes ya ... Ana Apa Apa Kunci, Ora Ana Apa Apa Kunci, Kunci Kanggo Apa Wae

Rahayu Rahayu Rahayu - Rahayu Sagung Ing Dumadi

 

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Payung Tunggul Jati - Wong Urip Kudu Ngerti Marang Urip e"