Pranata Mangsa Wong Jawa - Candrane ?
Pranata mangsa adalah sistem penanggalan tradisional Jawa sing de nggo neng wong tani nggo pedoman musim tandur, adedasar pengamatan alam, astronomi uga tanda-tanda biotik.
Jumlahe ana 12 mangsa (musim) setahune, sistem kie ngatur siklus tandur, panen, ngelola lahan sing de warisna secara turun-temurun kanggo harmini alam.
Pranata Mangsa kang jumlahe 12 kie :
- Mangsa Kasa
- 22 Juni - 1 Agustus
- Umur 41 Dina
- Sotya Murca Saking Embanan - Permata Lepas dari Tempatnya - Musim Daun Gugur - Musim Gugur
Contoh : Gugurnya Daun Mahoni, dst. - Nandur Kacang, Nandur Kedelai, jenis Palawija
- Mangsa Karo
- 2-24 Agustus
- Umur 23 Dina
- Banthala Rengka - Bumi Mlethak / Retak Retak Neng kebon, Neng Sawah keton mletek mletek - Lemahe Garing - Puncak Musim Kemarau
- Kabut Akeh lan Hawane Adem Njikut
- Mangsa Katelu
- 25 Agustus - 17 September
- Umur 24 Dina
- Suta Manut Ing Bapa - Anak Menurut Bapaknya - Wit Mrambat
contone Wit Gadung pada tukul mrambat
Panen Kacang, Panen Kedelai
- Mangsa Kapat
- 18 September - 12 Oktober
- Umur 25 Dina
- Waspa Kumembeng Jroning Kalbu - Air Mata Terbendung / Tertahan di dalam Hati
- Mata Air Mulai Terisi
- Wit Randu Mulai Kembang Berbuah - Panen Palawija dan Persiapan Lahan kanggo Nandur Pari
- Mangsa Kalima
- 13 Oktober - 8 November,
- Umur 27 Dina
- Pancuran Emas Sumawuring Jagad - Pancuran Emas Menyirami Jagad - Banyu kie di sanepakake Emas bagi Wong Tani Utawa Bagi Menungsa - Musim Pancaroba - Mlebu Musim Udan, Puncak Udan - Udan Gede, Wong Tani siap Tandur Pari, Laron pada metu kang Leng e, Uler Akeh, Laler uga Akeh pada mabur Mabur mencok neng Panganan, dst.
- Mangsa Kanem
- 9 November - 21 Desember,
- 43 Dina
- Rasa Mulya Kesucian - Rasa Buah kue Suci Asli Murni - Musim Buah buahan (Pelem, Rambutan, Duren, dst. ),
- Musim Udan,
- Puncake Wong Tani tandur Pari
- Mangsa Kapitu
- 22 Desember - 2 Februari,
- 43 Dina
- Wisa Kentar Ing Maruta - Bisa / Racun terbawa Angin - Akeh Masuk Angin / Flu / Batuk Pilek, Mencret, Beleken, Gandongen,dst.
- Udan Deres, sawah Banyune Akeh, Maen Nggo Ngrawat Tanduran
- Mangsa Kawolu
- 3 Februari - 1 Maret,
- 26/27 Dina
- Anjrah Jroning Kayun - Keluar Isi hatinya - Musim Kawin - Kewan Meteng
- Udan Wes Madan Kurang, Bledeg e Mulai Muni
- Mangsa Kasanga
- 2 - 25 Maret,
- 25 Dina
- Wedaring Wacana Mulya - Suara Suara Mulia - Suara Alam - Jangrik Ngerik, Gareng / Tongkeret Muni, Bledege Ngganter Ngganter, Angine Gede
- Pari Wes Metu Buahe, Ati Ati Ama ne Metu
- Mangsa Kadasa
- 26 Maret - 18 April,
- 24 Dina
- Gedhong Mineb Jroning Kalbu - Tertutup Pintu Hatinya - Kekayaan / kebahagiaan yang tersimpan dan dinikmati di dalam hati saja
- Mangsa Manuk Nglolohi - Manuk Nggoleti Pangan neng Sawah - Manuk Mangani Pari
- Pari Kuning - Musim panen raya / panen pari
- Mangsa Dhesta
- 19 April - 11 Mei,
- 23 Dina
- Sesotya Sinarawedi - Permata Bersinar Mulia - Kanca Batik Ibarate Wudune Baen di Wei Ngerti - Luka Neng Bokong baen Ibarate de Wei Ngerti - Sing Rahasia Angger Wes Kekancan Apik kue Kabukak Kabeh dadi Wes Ora Ana Rahasia Mening
- Musim kemarau, padi mulai kering dan dipanen.
- Mangsa Saddha
- 12 Mei - 21 Juni,
- 41 Dina
- Tirta Sah Saking Sasana - Banyu Lunga sekang Nggone - SUmur Banyune mulai Asat - Kali mulai Asat - Lemah lemah Mulai Pada Garing - Musim Terang / Kemarau
- Nandur Kacang, NAndur kedelai, dst.
Salam Seni, Salam Budaya Salam Sehat dan Sukses Selalu - Rahayu

Posting Komentar untuk "Pranata Mangsa Wong Jawa - Candrane ? "