Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

WULAN - APA KAREPE ?


Wulan - Apa Karep e ingaran Wulan Kue ?

Hastabrata - Wulan kie dadi salah siji mlebu dadi gegambaran kanggo pituduh lan piwulang kanggo para titah Manungsa.

Wulan kie aweh pepadhang tumrap e Jagad Alam Semesta ing wayah Wengi.
Kabeh kang kasorot cahyaning wulan dadi keton amarga padhang.

Kabeh nggone di padangi, kabeh adil olih pepadhang.

Perjalanan wulan kie dadi petang pethung e wong jawa.
Perjalanan wulan dadi wektu ingaran Candra Sangkala.

Perjalanan wulan kie dadi kanggo laku mlaku lakone para putro - kabeh kang hanglimputi Jagad Raya Sa - Isine.
Kanggone Para Putro Romo - Putra Rama

Putro - Hanglimputi Jagad Raya
Rama / Romo - Rasa Manunggal, Roh Mono

Wulan Paring gegambaran - Wujud Laku kalawan Lelampahan.

Wulan kanggo pangerten tumrap wong jawa mengku karep utawa teges  :

1. Suro - Suro : Suraosing / Suraose Rasa, Nyuraosaken Rasa. Rasa pangrasa sing wes mungkur kalawan rasa pangrasa sing siki lagi dilakoni di awaki uga mengko ngarepe (Waktu yang akan datang). Sura menawa manut umum mengku karep WANI.
Wani ngadepi, Wani interopeksi, refleksi diri pribadi tumuju laku mlaku nglakoni marang rahayu - karahayoning jagad semesta saisine.

2. Sapar - Sangkan Paran, Eling marang Dumadine lan sangkan paraning dumadi.

3. Mulud - Meneng, Cep, Lakune kadyo dom sumurup ing banyu. Aja kakehen omong.

4. Jumadil Awal - Jumedule awal e. Eling awal e, Eling Marang Sakabehing Karep / Tujuan / Kehendak,  Sakabehing sing wes ana ana ing gelare panguripan kene, para putro romo kedah ngetut, kari nderek, kari manut apa kang dadi kalawan kedadeyane kabeh ana kang ngawali.

5. Jumadil Akhir - Jumedul Akhire ? Bisa Netepi apa kang dadi sesanggemane urip ana ing dunya kene. 
Laku, lakon, lelakon apa sing di lakoni kalawan kedadeyane, Ana ngunduk wohing pakarti - Karma Pala. Karma Pala - Karyaning Manah (utek) Panggawening Laku. Mula kudu emut kabeh lakune, lakone kang di lakoni dumadine lan sangkan parane.
Ana tembung macan mati ninggalna belang, menungsa mati bisa-a ninggal asmo kang becik, bisa pener, bisa tetep nyawiji kalawan Gusti.
Lati - Ati - Pakarti Nyawiji ing Gusti.
Jujur - Bener - Laku - Lakon kang di Lakoni Welas Asih Mring Sapepadhaning URIP
Rahayu Sagunging Dumadi

6. Ruwah - Ruwat, mula perlu ana pangruwat, di ruwat dimen ora ruwet. Bar kue kari di rawat. 

7. Rajab - Rajabrana, Muga kecukupan sakabehing kebutuhane.

8. Saban - Sadran : Sa-ben, bisa-a saben wektune, ibarate setiap isapan napase lan metune napas ambegan tansah awas eling emut kalawan gustine.

9. Pasa - Pangeran Sejati. Sapa kang wes ketemu kalawan pangerane bakal ana pangeran eram.
Pangeran - Pang Kue Cabang, Ngenger - Sapa Sing Ngenger ya kue Para Putro - Ngenger mring Romo.

Manunggal e Putro Kalawan Romo iki kang dadi Tujuan arah lan karep muga rahayu dunya delahan kalanggengan.

10. Sawal - Sabdaning Awal, Rasa Awal, Rasa Sing Ngawali, Awale Saka Rasa.
Lungguhe Roso, Pangroso lan bisa ngrasaake.
Mula lair Asmara - Asal Manunggale Rasa.
Asmarane Wongtuamu Sakloron.
Lingga Yoni.
Ingaran Manungsa - Manunggale Rasa.
Eling Dawuh e Romo " Lamun Wong atuwaniro tan manunggalake rasa jeneng siro tan bakal ana."

11. Apit - Kadyo Raja Ratu kie di tansah di apit, di ayomi, di ayemi, di lindungi, di jaga kaslametane, sakabehing kebutuhane,dst.

12. Besar - Aji - Ratu
Ratu - Rasa Tumata
Raja - Rahsa Jati, Sejatining Rasa
Aji - Ana Siji, Rasa kue siji ning iki manggon ana ing sakabehing putro romo.
Sabehing Putro Kalungguhan Rasa.












Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "WULAN - APA KAREPE ?"