Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Apa Kautamaning Urip Ana Ing Dunya Kie ???

 


NITOR OMONG KAKI - REFLEKSI DIRI " MULAT SARIRA HANGRASA WANI."

Mulat Sarira Hangrasa Wani Kue Karepe Interopeksi Diri - Meneng - Ngonceti Laku Tumindak diri pribadi, dst.

Apa kautamaning Urip ana ing Alam Dunya Iki to ?
Jawaban Seringe Beda Beda - Ana Sing Njawab Kautamaning Urip Neng Ndunya iki ya Darmaning Kabecikan ? Ibadah sing tekun ? Mbantu Sedulur ? Ngrewangi sing kacingkrangan ? Sodakoh Sing Akeh, dst.


JAWABAN sing PAS : “ Kautamaning Urip neng Ndunya iki ya “ URIP “ kuwe dewe, sebab angger wes ora URIP kabeh mau kae ora bakal kalakon lan kasembadan.

URIP disit Panguripan melu - Panguripan, Pang kuwe cabang Urip.Pangrasa kuwe uga cabang e Rasa. Dudu rasa Sejati.

Rebut bener, rebut babagan keyakinan, rebut babagan panembah ketuhanan? 

Membela Tuhan Tuhan sing pada di yakini ? Apa ya ngono ?

Kok lali maring pangerten KETUHANAN sing sejatine ?

Tuhan tumrap wong jawa wes paham lan wes ngerti,sebab ingaran Tuhan tumrap wong jawa kue “ Tan Kena Kinaya Ngapa “ 

Ora bisa di bayangna,di gambarna,kanthi panca indera. Sebab Tan Kena Kinaya Ngapa kue Babagan Suwung, Kosong, Nol.
Mula bali marang titik awal, titik kosong, titik suwung.

URIP Nguripi, Panguripan Melu.
Sebab Urip kuwe nguripi - mula luru pangan, luru gawe - makarya - kembul kalawan sapada pada Putra aja nengumah baen, aja nang panggonan baen ora ngapa ngapa.

Tapa - Donga - Makarya / Kerja kuwe kudu bebarengan.
Aja mung tapa tok, aja kur ndonga tok, aja kur Makarya - nyambut gawe tok ?
Kabeh mau kudu selaras serasi lan seimbang.
Nek wes selaras dadi Saras - Waras - Wiris - Kari Pada Njegigis / Mesam mesem.

Mula Putra Rama kudu tansah eling Kunci - Laku Bali, Eling marang purwane, Dumadine lan Sangkan Parane.

Sangkan Parane Dumadine kie kanggo tetap di gondeli tetap di gali kanti temen tinemu,di lakoni,kalakon,dadi orang mung mandeg neng tutuk,angger mandeg neng tutuk dadine mung akon akon.

Salam Rahayu Rahayu Rahayu



Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Apa Kautamaning Urip Ana Ing Dunya Kie ???"