Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

HANACARAKA


Aksara Jawa

Hanacaraka - Anane Utusan

Ha - A - Awal - Alfa - Purwa - Wiwitan Kue URIP
Urip Anggelar Panguripan
Pang Kue Cabang  - Cabang Cabang Urip Kue Maneka Warna.
Tethulan - Kewan - Manungsa
Sing Keton lan Sing Ora Keton,dst.

Na - Nata - Ratu - Rasa Tumata - Nata - Tata - Tataran - Tingkatan

Ca - Cecaturan Kang Sarwa Prasaja - Cangkem - di Kencang Men Mingkem, Omong Saomong Ucap Sakecap metune saka Cipta, Sifat metune sikap e.
Sing Mlebu Pangan, Sing Metu Pangadikan, Mula Pangan Kue Pangecap Dudu Ucap, Mula Angger Lagi Mangan Aja Omong Ngomong.
fokus marang apa sing di adep.
Sebab pas mangan kue uga nggambarake manunggale Sedulur papate.
Lawange Mutmainah kue Irung - Pangambu - Nafas, Wangi ya wangi Bacin ya Bacin
Lawange Amarah kue Kuping, Pangrungu uga Keseimbangan.
Lawange Supiyah - Mata,Ngematna Barang Nyata, weruh - Kaindahan, Observasi, Ngawasi
Lawange Aluamah - Cangkem, Ilat, Pangecap, Legi Pait Getir,dst.

Manunggale Antara Mata, Kuping, Irung lan Ilat,dst. Metune Maneka Warna kahanan.

Ra - Rahsa - Rasa - Pangrasa - Ngrasakake - dirasakake - Ngrumangsani - Rasul - Rasa Sesulih - Sesulihing Rasa - Rasa sing ngutus - Utusane Rasa - Rasa dadi Utusan

Ka - Kawruhana endi kang aran sunyata. Kawruh Kasunyatan. Kawruh Nyata - Kawruh Kanggo Weruh - Weruh e Kanti Mata - Mata Ngematna Barang kang Nyata.

Manungsa - Mapane Manunggale Rasa Pangrasa Angrasakake. 
Wong - Wohing Urip

Sesaji 
Se - Sejatine
Ra - Rasa
Ji - Siji
Sesaji - Sejatine Rasa Siji - Nyawiji

Sajen - Sastra Jendra - Simbul - Lambang - Sasmita


Tumpeng 

Tumuju - Tujuane Mangarah Meng Pengeran Pangeran
Tumpeng mula Tujuane Kudu Mempeng Lempeng - Lurus Jejeg Aja Goyah Aja Robah Aja Mangrotingal / Mendua
Tumpeng Kadyo Gunung - Gunungan
Gunung - Gumulung Nunggal Gaib
Puncak Tumpeng Segitiga
Segitiga Kie Kaya Trisula Siwa
Segitiga kie nggambarna :
Surya - Candra  - Kartika
Cipta - Rasa - Karsa
Guruloka - Hendraloka-Janahloka
Baitul Makmur-Baitul Muharam-Baitul Mukhadas
Ilmu - Ngelmu - Kaweruh,dst.


Lathi - Ati - Pakarti Nyawiji ing Gusti
Sir - Dat - Sipat
Wujuding Kawula Gusti - Gusti Kawula - Putra Rama - Rama Putra

Salam Rahayu Rahayu Rahayu
Rahayu Sagung Ing Dumadi

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "HANACARAKA"