Kompor : Sesi 1 " Ndopok Babagan Cacing "
Dopokan : KOMPOR - Kakine Wes Ompong Merguyokna Angger Ngobrol
Kakine Crita meng Putu Dopokane Bawor karo Petruk babagan " CACING "
Kakikne Mulai Ngomong : Petruk karo Bawor lagi lungguh nang emperan, ngopi karo mendoan. Petruk katon bingung karo garuk-garuk sirahe sing ora gatel.
Petruk : Wor... Bawor! Nyong arep takon maring kowé, tapiné aja dibiji maring guru SD ya ?
Bawor : "Takon apa maning Truk? Lagian ndhasmu kiye ngapa digaruk-garuk baé? Ana kuthune apa ana sing netes?"
Petruk: "Ora ana kuthu, mblendes. Nyong mung mikir perkara kéwan sing jenenge cacing. Cacing kuwe kan ora duwe mata, ora duwe sikil, ora duwe tangan, ora duwe cangkem sisan. Lah terus nek mlaku, sing nuduhake dalan belokan ngiwa apa nengen sapa?"
Bawor:(Nyengir bari nyaplok mendoan) "Ah, kowé kiye ya takon kok sing abot-abot. Cacing kuwe ora prelu GPS kaya motor matic-mu, Truk! Cacing kuwe pinter navigasi alami."
Petruk: "Alami piye jal? Aja ngawur!"
Bawor: "Ya alami lah! Cacing kuwe nek mlaku merem merga ora duwe mata. Dheweke mandan nggesot nang jero lemah. Nek arep ngiwa ya kari nggeser sithik, nek arep nengen ya kari mengkel. Sing penting ora nabrak wit kates, lah wong lemahe empuk!"
Petruk: "Hus! Ora masuk akal blas! Cacing kuwe mlaku gumantung insting, Ror. Lah jajal takon maning ya... Cacing kuwe panganane apa sih jane? Mangane segolor apa sego beras?"
Bawor: "Wee, kowé durung ngerti ya? Cacing kuwe mangan lemah!"
Petruk:(Kaget nganti kecekel gulune) "Hah?! Mangan lemah? Wah, pantesan cacing awake kuru-kuru tur lemes. Mosok mangan lemah! Apa ora lara wetenge? Apa ora mules?"
Bawor: "Lara wetenge? Jajal tak takoni kowé Truk, ana wong sugih sing tuku lemah nganti berhektar-hektar, cacing tau diprotes apa ora?"
Petruk: "Ya durung tau krungu ana cacing disidang nang pengadilan merga nyolong lemah..."
Bawor: "Nah, kuwe! Mulane cacing kuwe paling ramah lingkungan. Dheweke mangan lemah, trus ngetokna maning dadi pupuk sing subur. Dadi cacing kuwe jane pengusaha pupuk organik paling senior nang njero lemah, ora kaya kowé, kerjane mung mangan turu njaluk udud!"
Petruk:(Ngguyu cekakakan) "Hahaha, bener uga ya Ror! Tapi ya, jajal pikiren... Cacing kuwe nek dicethil (dipotong) dadi loro karo arit utawa cangkul, jarene malah urip kabeh dadi loro. Kuwe cacing apa dukun sakti sih? Kok iso dadi dobel?"
Bawor:(Sok misterius, karo ngarahna drijine maring Petruk) "Huuu... Kuwe jenenge ilmu belah diri tingkat dewa, Truk! Cacing kuwe duwe ilmu rawa rontek versi jero lemah. Dipotong sirah karo buntute, sing siji dadi sirah, sing siji dadi buntut anyar. Tapi jajal kowé Truk... sirahmu sing lancip kuwe nek dicethil dadi loro, dadi apa?"
Petruk: "Dadi loro lah!"
Bawor: "Dudu dadi loro, tapi dadi mayit! Ora mungkin dadi urip kabeh. Malah mambu bacin nang ngumahan!"
Petruk : (Mbesengut, njupuk mendoan sepotong) "Sialan kowé, Wor! Malah elek-elekan. Tapi ya, ngomong-ngomong bab cacing, nyong wingi weruh ana wong nggawa setruman aki motor ngetan-ngetan nggo nggolet cacing mancing. Jare mancing belut ya?"
Bawor : "Nah, kuwe sing nggawe cacing padha demo nang ngisor lemah!"
Petruk : "Demo piye jal?"
Bawor : "Cacing-cacing protes, 'Wah, iki parah tenan! Nyong sing wis puluhan tahun setia dadi umpan bebek (pancing), kok saiki digebug listrik? Ora adil!' Jarene cacing arep mogok kerja ora gelem metu udan-udan maning !"
Petruk :(Ngguyu ngakak nganti kecekel wetenge) "Asli kowé gemblung, Wor! Wis ah, wetengku krasa mules kaya lagi mangan lemah kaya cacing merga kakehan ngguyu!"
Bawor : "Makane, aja seneng takon sing aneh-aneh. Wis, ngopi maning bae, mendoane karek siji, aja nganti dicokot cacing!"

Posting Komentar untuk "Kompor : Sesi 1 " Ndopok Babagan Cacing ""