Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kompor : Sesi 2 " Kewan Galak "

 


KEWAN GALAK

Petruk: "Reng, Gareng! Ngongkon ngaso sedela bae koh angot-angoten. Jajal mandan cangkriman disit nggo ngilangaken ngantuk. Kowe wani ora tak takoni?"

Gareng: "Halah, Truk! Bocah pinter kaya Gareng dipameri cangkriman. Takon apa bae, lah! Gareng sanggup, ora bakal nganti kecekel kendo!"

Petruk: "Yen kowe ngaku pinter, jajal mangsuli iki. Kewan apa sing paling galak lan medeni nang sedunia?"

Gareng: "Wah, gampang nemen kuwe, Truk! Jawabane jelas Macan utawa Singa, apa maning Buaya darat sing sok nggawa mlayu ati anak e wong liya!"

Petruk: "Salah! Sing aran macan apa singa kuwe kalah galak karo kewan siji kiye. Pokoke nek nganti ketemu, dijamin kowe langsung Precothil kencing di celana!"

Gareng: "(Grojogan kringeten adem) Wah, kewan apa maning kuwe? Apa Dinosaurus?"

Petruk: "Dudu! Kewan sing paling galak lan medeni kuwe ..... Bokonge Mbokmu sing arep nyakot nalika kowe kesuwen ora gelem adus!"

Gareng: "(Langsung njenggirat kaget) Heh, Truk! Asem tenan! Mbokku ora duwe buntut, genah wong kok digawa-gawa dadi kewan galak!"

Petruk: "Hahaha! Makane, Reng, aja sombong disit. Senengane pamer pinter, jebule gampang kena dikerjain!"

Gareng: "Sabar, Truk, sabar... Ngene bae, ganti aku sing takon maring kowe. Jajal mangsuli: Kewan apa sing rambute kriting, irunge pesek, tur jaluk ditaboki saben esuk?"

Petruk: "(Mikir karo garuk-garuk sirah) Wah, kewan apa kuwe ya? Ora ana kewan rambute kriting kaya kuwe..."

Gareng: "Jawabane gampang, Truk: Yakuwe Kowe dewek! Hahahaha!"

 Petruk: "Kurang ajar kowe, Reng! Nyambut gawe malah padha heureg bae!"


     

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Kompor : Sesi 2 " Kewan Galak ""