Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pamer Lenga Wangi

 


Petruk Karo Gareng - Ndopok " Pamer Lenga Wangi "

Gareng Pamer Lenga Wangi pamer Lenga wangi anyar tukuan pasar malam.

Petruk : (Nyekel irung) "Weleh-weleh, Reng! Ambune Nyegrok Irung temen. Kaya wong arep lunga maring kuburan, apa kaya wong arep mlebu Guha Apa ?"

Gareng : (Sombong, mlaku ndangak) "Hus! Aja Ngawur koe Truk! Kowe genah ora ngerti merek. Kiye aran Lenga wangi " Aroma Surga Dunia ", tuku nang pasar malam mau wengi. Regane murah, ning ambune... wuih, maring njero balung!"

Petruk : " Sumpah Reng, mingkene irungku rasane kaya kecolok linggis. Wangi sih wangi, ning kok ana mambune kaya ... apa ya? Kaya wedhus gembel adus kembang Melati."

Gareng : (Merengut) " Aja Ngece kowe Truk! Wedhus endi sing wangi kaya kiyen? Kiye nganggo bahan pilihan, jarene bakule, sapa sing nganggo bakal di kerep di senengi dening kenya-kenya."

Petruk : "Kenya sapa Reng? Yen kenya mripate waras ya bakal mlayu, Reng. Lah kuwe, sing nggo nggendong kowe nang mburi sapa? Sawangen jaketmu!"

Gareng : (Noleh mburi, kaget) "Waduh! Deneng jaketku bolong-bolong?"

Petruk : (Guyu ngakak) "Hahaha! Kuwe dudu Lenga wangi, Reng. Kuwe obat Semprot Sawah cair sing mbok semprotna maring klambi! Pantesan mambune kaya belerang kecampur minyak kelapa klentik."

Gareng : (Mripat melotot, ngambu klambine dewek) " Walah, Truk! Pantesan guluku gatel kabeh, jebule salah jupuk gendul. Kiraku gendul Lenga wangi, kumuh, jebule gendul semprotan walang nang sawah!"

Petruk : "Mangkane, Reng, aja sok kepengen dadi wong gedhe yen modalmu mung minyak gosok. Wis kana adus disit, sedhela maning kana ana acara yasinan, engko kowe teka ana ambu semripit disangka setan alas amarga mambune sangar temen!"

Gareng : (Mlayu mlebu omah karo misuh cek gendule ) "Asem Tenan, Sialan Nyong Salah Njiot Salah Nyemprotna, Lenga Wangi." 

 

Ramane Inu
Ramane Inu Desa Pekunden Banyumas

Posting Komentar untuk "Pamer Lenga Wangi"